Ngimpi Songtext
von Waldjinah
Ngimpi Songtext
Sinten wonge mboten gelo
Tilem mawon ndadak nglilir
Geragapan grayah-grayah
Kecandhak mung manggih guling
Noleh nganan lan ngiri
Dheleg-dheleg nyepeng dhengkul
Tiwas-tiwas digagas
Jebulane namung ngimpi
Mung tujune wong liya tan padha ninga
Impenku dhek bengi kae
Kathik kaya yen tenan-tenana
Ketemu ning kana kae
Wela-wela tur padha gembira
Tangkepku marang dheweke
Kathik kaya jamane semana
Dasar dhek biyen-biyene
Pancen padha ngucapke prasetya
Kuciwane bareng nglilir nganti wegah tangi
Mung tujune ora kwatir yen ana sing ngerti
Jarene wong padha kandha
Ngimpi niku kembange wong turu
Nanging yen ta gelem blaka
Ngimpi niku bisa bikin rindu
Kuciwane bareng nglilir nganti wegah tangi
Mung tujune ora kwatir yen ana sing ngerti
Jarene wong padha kandha
Ngimpi iku kembange wong turu
Nanging yen ta gelem blaka
Ngimpi niku bisa bikin rindu
Tilem mawon ndadak nglilir
Geragapan grayah-grayah
Kecandhak mung manggih guling
Noleh nganan lan ngiri
Dheleg-dheleg nyepeng dhengkul
Tiwas-tiwas digagas
Jebulane namung ngimpi
Mung tujune wong liya tan padha ninga
Impenku dhek bengi kae
Kathik kaya yen tenan-tenana
Ketemu ning kana kae
Wela-wela tur padha gembira
Tangkepku marang dheweke
Kathik kaya jamane semana
Dasar dhek biyen-biyene
Pancen padha ngucapke prasetya
Kuciwane bareng nglilir nganti wegah tangi
Mung tujune ora kwatir yen ana sing ngerti
Jarene wong padha kandha
Ngimpi niku kembange wong turu
Nanging yen ta gelem blaka
Ngimpi niku bisa bikin rindu
Kuciwane bareng nglilir nganti wegah tangi
Mung tujune ora kwatir yen ana sing ngerti
Jarene wong padha kandha
Ngimpi iku kembange wong turu
Nanging yen ta gelem blaka
Ngimpi niku bisa bikin rindu
Lyrics powered by www.musixmatch.com

