Songtexte.com Drucklogo

Chantons ensemble (#2) Songtext
von Gus Viseur

Chantons ensemble (#2) Songtext

Ya Rasulallah Salamun ′
Alaik # Ya Rofiasyaani Waddaroji
Atfatanyaji Rootal '
Alaami # Ya Uhailaljuudi Wal Karomi

Ngawiti ingsun nglara syi′iran # Kelawan muji pareng pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan # Rino wengine tanpo pitungan

Duh bolo konco prio wanito # Ojo mung ngaji syare'at bloko
Gur pinter dongeng nulis lan moco # Tembe mburine bakal sangsoro

Akeh kang apal Qur'an Hadist e # Seneng Ngafirkeh marang liyane
Kafir e dewe Ga′ di gatekke # Yen isih kotor ati akale

Gampang kabujuk Nafsu angkoro # Ing pepaese Gebyare ndunyo
Iri lan meri sugi e tonggo # Mulo atine peteng lan Nisto

Ayo sedulur Jo nglale ake # Wajib e ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman Tauhid e # Baguse sangu mulyo matine


Kang aran sholeh bagus atine # Kerono mapan sari ilmune
Laku torekot lan ma′rifate # Ugo hakekot manjing rasane

Alqur'an kodhim wahyu minulyo # Tanpo tinulis iso diwoco
Iku wejangan guru waskito # Den tancep ake ing njero dodo

Kumantel ati lan pikiran # Mrasuk ing badan kabeh njeroan
Mukjizat rosul dadi pedoman # Minongko dalan manjing e iman

Kelawan Alloh Kang maha Suci # Kuduh rangkulan rino lan wengi
Di tirakati di riadhoi # Dzikir lan suluk jo nganti lali

Urip e ayem rumongso aman # Dununge roso tondo yen iman
Sabar nerimo snajan paspasan # Kabeh tinakdir saking pengeran

Kelawan konco dulur lan tonggo # Kang podo rukun ojo daksio
Iku sunnah e rosul kang mulyo # Nabi muhammad panutan kito

Ayo nglakoni sekabeane # Alloh kang bakal ngangkat drajate
Senajan ashor toto dhohire # Ananging mulyo makom drajat e

Lamun palastro ing pungkasane # Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh syuargo manggone # Utuh mayite ugo ules

Songtext kommentieren

Log dich ein um einen Eintrag zu schreiben.
Schreibe den ersten Kommentar!

Beliebte Songtexte
von Gus Viseur

Quiz
Wer singt das Lied „Applause“?

Fans

»Chantons ensemble (#2)« gefällt bisher niemandem.